Makalah Tembang Macapat

| Selasa, 06 Desember 2011
-->
BAB I
PURWAKA

1.1.       Wawadaning Perkawis
Ing jaman menika  kahanan budaya wonten Indonesia basa jawa khususipun, dirasa tansah katilep. Bocah-bocah tansah mboten saged nembangake tembang macapat kanthi trep wonten ing piwulangan khususe piwulangan basa jawi.  Samana ugi tiyang sepuh lan sekolah ingkang sampun arang ngajari seni Jawi punika, kamangka seni Jawi kadhos tembang macapat menika penting sanget.
Ing makalah menika badhe dipunjelasaken peranganipun lan caranipun nembangaken tembang macapat. Piwulangan basa Jawi, babagan “Tembang Macapat” menika minangka dados babagan kang utama, supados tembang macapat punika mboten ketilep kahanan zaman.
Tembang macapat menika tembang ingkang penting amargi tembang punika kasusastraan jawi kang badhe ketilep kahanan zaman. Pramila makalah punika maringi informasi babagan sejarah, jenise, watake lan gunane tembang macapat iku.


1.2.       Momotaning Perkawis
Saking wawadaning perkawis ing inggil, saged dipendhet momotaning perkawis inggih punika:
1.      Apa pangerten saka tembang macapat?
2.      Apa sejarahipun tembang macapat iku?
3.      Apa wae gunggunging tembang macapat iku?
4.      Apa wae watak lan gunane tembang macapat iku?
5.      Kepiye guru gatra, guru lagu lan guru wilangane tembang-tembang macapat iku?

1.3.       Ancas
Ancasan saka panyusunan makalah iki yaiku :
1.      Kanggo mangerteni pangerten saka tembang macapat.
2.      Kanggo mangerteni sejarahipun tembang macapat.
3.      Kanggo mangerteni apa wae gunggunging tembang macapat.



4.      Kanggo mangerteni apa wae watak lan gunane tembang macapat.
5.      Kanggo mangerteni guru gatra, guru lagu lan guru wilangane tembang-tembang macapat.


BAB II
SURASA

2.1     Pangerten Macapat
Macapat iku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Macapat uga nular ana ing kabudayan Bali, Madura, lan Sundha. Saben bait macapat nduwèni baris kalimat sing diarani gatra, lan saben gatra nduwé sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu. Biasané macapat dimaknani minangka maca papat-papat, yaiku cara maca saben patang wanda (suku kata). Nanging bab iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liya uga ana. Macapat dikira muncul ing pungkasan jaman Majapahit lan wiwitané pengaruh Walisanga, nanging bab iki mung kanggo kahanan ing Jawa Tengah. Sebab ing Jawa Wétan lan Bali macapat wis dikenal sadurungé teka Islam.
Puisi tradisional Jawa utawa tembang biasané dipérang dadi telung kategori: tembang cilik, tembang tengahan lan tembang gedhé. Macapat digolongaké kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan, déné tembang gedhé arupa kakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram Anyar, ora dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa lan cendhak. Saliyané kuwi tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.
Yèn dibandhingaké karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi béda lan luwih gampang dipatrapaké jroning basa Jawa amarga béda karo kakawin sing didhasaraké marang basa Sanskerta, jroning macapat prabédan antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakaké.



Aturan-aturan iku ana ing:
a.       Guru gatra            : wilangan larik/gatra saben pada (basa Indonesia: bait).
b.      Guru wilangan      : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
c.       Guru lagu             : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.

2.2     Timbulipun Sekar Macapat
Tembang Macapat sampun wonten nalika jaman Majapahit, ananging sakalangkung anem saking sekar Tengahan. Sekar Macapat menika manut Tedjohadisumarto karipta dening Prabu Dewawasesa/ Prabu Banjaransari kala taun Jawi 1191 utawi 1269 masehi.
Antawisipun sekar Macapat kaliyan Tengahan menika meh memper. Paugeranipun meh sami (guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu), ingkang mbedakaken naming basanipun. Sekar Tengahan ngangge basa Jawi tengahan, dene sekar Macapat ngangge basa Jawi enggal. Ing sekar Tengahan limrahipun cakepan winastan kidung, mila wonten kidung Durma, kidung Sinom. Cakepan kasebat sinerat wonten ing Kidung Sundayana.
Macapat kerep dijarwakaké minangka maca papat-papat awit carané maca pancèn rinakit saben patang wanda. Nanging iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liyané uga ana. Sajabané sing wis kasebut ing dhuwur, makna liya yakuwi tembung -pat ngarujuk marang cacahing tandha diakritis (sandhangan) jroning aksara Jawa sing relevan jroning panembangan macapat.
Banjur miturut Serat Mardawalagu, sing dikarang dening Ranggawarsita, macapat minangka cekakan saka frasa maca-pat-lagu sing tegesé "nglagokaké nada kapapat".Saliyané maca-pat-lagu, isih ana manèh maca-sa-lagu, maca-ro-lagu lan maca-tri-lagu.
Miturut ujaring kandha maca-sa klebu kategori paling tuwa lan diciptakaké déning para Déwa lan diturunaké marang pandita Walmiki lan ditangkaraké déning sang pujangga istana Yogiswara saka Kedhiri. Nyatané iki klebu kategori sing saiki disebut kanthi jeneng tembang gedhé.
Maca-ro klebu tipe tembang gedhé yakuwi cacahing bait (pada) saben pupuh bisa kurang saka papat sauntara kuwi cacahing sukukata (wanda) jroning saben bait (pada) ora mesthi padha lan diciptakaké déning Yogiswara.
Maca-tri utawa kategori sing katelu yakuwi tembang tengahan sing miturut ujar diciptakaké déning Resi Wiratmaka, pandhita istana Janggala lan disampurnakaké déning Pangeran Panji Inokartapati lan saduluré. Wusanané, macapat utawa tembang cilik diciptakaké déning Sunan Bonang lan diturunaké marang para wali.

2.3         Gunggungipun tembang macapat
Gunggungipun tembang macapat wonten 11, inggih menika:


1.      Mijil
2.      Kinanthi
3.      Sinom
4.      Asmarandana
5.      Dhandhanggula
6.      Gambuh
7.      Maskumambang
8.      Durma
9.      Pangkur
10.  Megatruh
11.  Pocung



2.4         Watak lan Gunane Tembang Macapat
Nama Sekar
Watak
Ginanipun
Mijil
asih, prihatin, pangajab
mulang tiyang ingkang nembe prihatin
Kinanthi
seneng, asih, kasmaran
mituturi, pratelan tresna, mulang
Sinom
ethes, prasaja
piwulang, wewarah
Asmaradana
tresna, sedhih, sengsem
nggambaraken kakesitan, mulang, tresna
Dhandhanggula
luwes, gumbira, endhah
mahyakaken tresna, sedhih nandhang tresna, mbuka sekar/ srat, mahyaaken kahanan menapa kemawon cocok
Maskumambang
nelangsa, ngeres-ngeresi, sedhih
mahyakaken raos panalangsa
Durma
keras, nepsu, semangat
nggambaraken tiyang nepsu, perang
Pangkur
sereng, nepsu, gandrung
pitutur radi srengen, gandrung
Pocung
sembrana, parikena, lucu
cangkriman, crita lucu, guyon
Gambuh
sumanak, sumadulur
mulang, pitutur
Megatruh
prihatin, getun, keduwung, sedhih
cariyos ingkang sedhih, getun
Balabak
sembrana, saenake, lucu
guyonan sakepenake, sembrana
Wirangwong
Wibawa
mahyakaken keagungan, kaendahan, piwulang
Girisa
gagah, wibawa, wanti-wanti
piwulang, kasepuhan
Jurudemung
kenes (genit)
mancing brahi

2.5         Guru Gatra, Guru Lagu lan Guru Wilangan Tembang Macapat
1.      Mijil = 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
2.      Kinanthi = 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
3.      Sinom = 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
4.      Asmaradana = 8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a
5.      Dhandhanggula = 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
6.      Maskumambang = 12i, 6a, 8i, 8a
7.      Durma = 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
8.      Pangkur = 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
9.      Gambuh = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
10.  Megatruh = 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
11.  Pocung = 12u, 6a, 8i, 12a

Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:

1.        Maskumambang
Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.

Apan kaya mangkono wewatek neki (12 i)
Sanadyan wong tuwa (6 a)
Yen duwe watek tan becik (8 i)
Miwah tindak tan prayoga (8 a)

2.        Mijil
Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.

Lan dimantep mring panggawe becik (10 i)
Lawan wekas ing  ngong (6 o)
Aja kurang, iya panrimané (10 é)
Yen wis tinitah marang Hyang widhi (10 i)
Ing badan puniki (6 i)
Wus pepancen ipun (6 u)
3.        Sinom
Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.

Nulada laku utama (8 a)
Tumrap ing wong tanah Jawi (8 i)
Wong Agung ing Ngeksi Ganda (8 a)
Panembahan senapati (8 i)
Kepati amarsudi (7 i)
Sudaning hawa lan nepsu (8 u)
Pinesu tapa brata (7 a)
Tanapi ing siyang ratri (8 i)
Amemangun karye naktya sing sasama (12 a)

4.      Kinanthi
Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.

Dadiya laku nireku (8 u)
Cegah dhahar lawan guling (8 i)
Lawan aja sukan sukan (8 a)
Anganggowa sawatawis (8 i)
Ala wateke wong suko(8 o)
Nyuda prayitna ning batin(8i)

5.      Asmarandana
Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.

Aja turu soré kaki (8 i)
Ana Déwa nganglang jagad (8 a)
Nyangking bokor kencanané (8 é)
Isine donga tetulak (8 a)
Sandhang kelawan pangan (7 a)
Yaiku bagéyanipu(8 u)
wong melek sabar narima (8 a)

6.      Gambuh
Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk njur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.

Sekar gambuh ping catur (7 u)
Kang cinatur polah kang kalantur (10 u)
Tanpa tutur katula-tula katali (12 u)                   
Kadaluwarso katutur (8 u)
Kapatuh pan dadi awo(8 o)

7.      Dhandhanggula
Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.

Lamun sira anggeguru kaki (10 i)
Amiliha manungsa kang nyata (10 a)
Ingkang becik martabate (8 é)
Sarta kang wruh ing hukum (7 u)
Kang ngibadah lan kang wirangi (9 i)
Sokur oleh wong tapa (7 a)
Ingkang wus amungkur (6 u)
Tan mikir paweweh ing lyan (8 a)
Iku pantes sira guranana kaki (12 i)
Sartane kawruhana (7 a)

8.      Durma
Saka tembung darma/wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma/wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.

Wusnya tibeng bentala prabu Rahwana (12 a)
Pancasonane dadi  (7 i)
Sirna tatu nira (6 a)
Tung tumpulih sedaya (7 a)
Nepak bau kradha angrik (8 i)
Ndedel ngawiyat (5 a)
Ngusir nanendra peksi (7 i) 

9.      Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.

Sekar Pangkur kang winarna (8 a)                              
lelabuhan kang kanggo wong aurip (11 i)
ala lan becik puniku (8 u)
prayoga kawruhana  (7 a) 
adat waton puniku dipun kadulu (12 u)                            
miwa ingkang tatakrama (8 a)
den kaesthi siyang ratri (8 i)

10.  Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.

Na ra kena sinelak selak pineluk (12 u)                 
Mring kang ngadhang adhang sisip (8 i)
Yen loro anggepi reku (8 u)
Teman kether maring ngening (8 i)
Adoh kae let tan adoh (8 o) 

11.  Pocung
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.

Ngelmu iku kelakone kanthi laku (12 u)
Lekase lawan kas (6 a)
Tegese kas nyantosani (8 i)
setya budya pangekesing dur angkara (12 a)


BAB III
WASANA

3.1           Dudutan
Macapat iku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Macapat uga nular ana ing kabudayan Bali, Madura, lan Sundha. Saben bait macapat nduwèni baris kalimat sing diarani gatra, lan saben gatra nduwé sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu. Biasané macapat dimaknani minangka maca papat-papat, yaiku cara maca saben patang wanda (suku kata). Ugo gunggunging tembang macapat yaiku Mijil, Kinanthi, Sinom, Asmarandana, Dhandahanggula, Gambuh, Maskumambang, Durma, Pangkur, Megatruh, lan Pocung.

          DHAPTAR KAPUTAKAN

Wikimedia. Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Rakitan Ukara/Silah-silahing ukara.incubator.wikimedia.org/wiki/Wb/jv/Kawruh_Basa_Jawa/Rakitan_Ukara/Silah-silahing_ukara (diakses tanggal 1 0ktober 2011)


Kamus Besar Bahasa Indonesia dalam jaringan

Hinzler (1994:v-vi)

Van der Meij 2002, p. 170

Sudjarwadi et al (1980)

Drewes (1977:198-217)

Koroh et al. (1977:27-29) dikutip saka Arps (1992:7)

Arps 1992, p. 62-63

Pigeaud 1967, p. 20

Ras 1982, p. 309

Ras 1982:313

Ras 1982:314

Ranggawarsita , serat Kalatidha - Een duistere tijd. URL diaksès tanggal 2010-05-2

Arps 1992, p. 14-15

Arps (1996:51)

Macapat Web Indonesia




Pitakonan lan Wangsulan
A.    Pitakonan
1.      Pripun caranipun supados murid SD seneng macapat? (Nur Lailatul Azizah, 1401411498)
2.      Punapa bedane maca-ro lan maca-tri lagu ? (Nurul Badriyah, 1401411055)
3.      Maksudipun macapat digolongake dados tembang cilik lan tembang tengahan punika pripun? (Ayu Faridha, 1401411390)
4.      Punapa bedanipun macapat wonten ing Jawa lan ing Bali, Madura, lan Sundha? (Riza Islamiyah, 1401411478)
5.      Punapa bedanipun basa Jawa enggal kaliyan basa Jawa tengahan? (Maulana Dias Putra, 1401411437)

B.     Wangsulan
1.      Kedah dipunkenalaken kawit alit, dipunpraktekaken saben dinten wonten kelas, dipundamel lomba macapat supados murid SD termotivasi kagem nyinaoni macapat menika.
2.      Maca-ro klebu tipe tembang gedhé ingih menika cacahing bait (pada) saben pupuh saget kurang saking sekawan sauntara kuwi cacahing sukukata (wanda) jroning saben bait (pada) mboten mesthi sami manut kaliyan ingkang nyiptakake inggih punika Yogiswara. Menawi maca-tri menika kalebet tembang tengahan kang miturut ujar diciptakake dening Resi Wiratmaka, pandhita istana Janggala lan disampurnakake dening Pangeran Panji Inokartapati lan sedulure.
3.      Macapat tembang cilik menika kang awujud tembang macapat kang biasane diweruhi kaya ta Asmarandana, Mijil, Gambuh lan sapiturute kang gadhahi paugeran Guru Gatra, Guru Lagu lan Guru Wilangan. Dene Macapat tembang Tengahan menika saget awujud kidung, Kidung Sinom lan liya-liyane, uga puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.
4.      Bedanipun inggih punika wonten basanipun, menawi wonten ing Jawa migunakake basa Jawa lan menawi wonten ing Bali, Madura lan Sundha migunakake basa daerahe piyambak-piyambak.
5.      Basa Jawa Tengahan menika wonten mulai abad 13 lan Basa Jawa Anyar menika wonten mulai abad 16.



0 komentar:

Next Prev
▲Top▲