Ing
jaman menika kahanan budaya wonten
Indonesia basa jawa khususipun, dirasa tansah katilep. Bocah-bocah tansah mboten
saged nembangake tembang macapat
kanthi trep wonten ing piwulangan
khususe piwulangan basa jawi.
Samana ugi tiyang sepuh lan
sekolah ingkang
sampunarang ngajari seni Jawi punika, kamangka seni Jawi kadhos tembang macapat menika penting
sanget.
Ing
makalah menika badhe dipunjelasaken peranganipun lan caranipun nembangaken tembang macapat.
Piwulangan basa Jawi, babagan “Tembang
Macapat”
menika minangka dados babagan kang utama, supados tembang macapat punika mboten ketilep kahanan
zaman.
Tembang macapat
menika tembang ingkang penting amargi tembang punika kasusastraan jawi kang
badhe ketilep kahanan zaman. Pramila makalah punika maringi informasi babagan
sejarah, jenise, watake lan gunane tembang macapat iku.